Selasa, 14 Januari 2020

Tembang Macapat Pangkur

(Srawung Karo Sasama)


        Serat Wedhtama iku anggite Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA)  Mangkunegara IV. Serat Wedhatama iku ngemot wulangan kang luhur kanggo mbangun budi pakertine sapa wae sing maca.

A. Maca lan nanggapi serat wedhatama pupuh Pangkur


Pangkur 

Mingkar mingkur ing angkara

Akarana karenan mardi siwi, 

Sinawung resmining kidung, 

Sinub sinukarta,

Mrih kretarta pakartining ilmu luhung, 

Kang tumrap ing tanah Jawa, 

Agama ageming aji. 


B. Nitik guru gatra,guru lagu lan guru wilangan pupuh Pangkur

Pupuh pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait).

Guru gatra pupuh Pangkur ana 7 gatra.

Guru lagu pupuh Pangkur yaiku a, i, u, a, u, a, i.

Guru wilangan pupuh Pangkur  yaiku 8,11,8,7,12,8,8.

Supaya gampang dieling-eling bisa ditulis : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.


C. Mbedhah perangane serat wedhatama pupuh Pangkur

     Tembang pangkur iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra sing cacahe ana 7 gatra. Yen ora cocok karo salah  sijine saka aturan iki tegese dudu tembang Pangkur. Jlentrehe kaya ngisor iki.

Ming/kar/ming/kur/ing/ang/ka/ra/

8a

A/ka/ra/na/ka/re/nan/mar/di/si/wi/

11i

Si/nu/wung/res/mi/ning/ki/dung/

8u

Si/nu/ba/si/nu/kar/ta/

7a

Mrih/kre/tar/ta/pa/kar/ti/ning/il/mu/lu/hung/

12u

Kang/tum/rap/ing/ta/nah/Ja/wa/

8a

A/ga/ma/a/gem/ing/a/ji/

8i

D. Nulis cakepan tembang Pangkur lan tuladhane

     Nulis tembang macapat, tembang Pangkur iku kudu manut aturan kang gumathok. Aturane kudu padha karo guru gatra,guru lagu lan guru wilangane.

Tuladha

8a = Yo kanca padha berjuang

11i = Dadi siswa pinter sugih prestasi

8u = Iku siswa kang pinunjul

7a = Iku siswa kang pinunjul

12u = Sekolahe digawe jeneng kang arum

8a = Kondhang tekan manca bangsa

8i = Saiba senenge ati



Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa

Kelas X SMA/SMK/MA


5 komentar: