Selasa, 14 Januari 2020

Teks Iklan 

     A.Pangerten Teks Iklan

        Teks Iklan iku mujudake kabar utawa pesen kanggo njurung utawa mbujuk marang bebrayan supaya tuku barang kang di tawakke.Lumantar medhiane teks iklan iku kagolong dadi loro yaiku Iklan tulis lan Iklan lisan.Iklan tulis yaiku iklan kang awujud kaya pamflet,poster,baliho,lan liya-liyane nalika Iklan lisan iku iklan ing nggunakake media elektronik kaya TV lan Radio.

     B.Unsur- Unsur Teks Iklan

        1.Jeneng barang utawa jasa kang ditawakke

          2.Pihak utawa pawongan kang masang



          3.Alamate sing masang


          4.Kahanan sarta manfaat barang utawa jasa kang ditawakke


     C.Kebahasaan Teks Iklan

         Basa teks iklan iku beda karo basa teks-teks liyane.Titikane basa iklan yaiku:


         1.Migunakake slogan

         2. Ukurane persuasi utawa mbujuk wong liya

         3.Migunakake subjek wong kapisan

     D.Nulis Teks Iklan

          1.Sing dituju kudu cetha

          2.Sing ngirim kudu cetha

          3.Barang utawa jasa sing ditawakke kudu cetha

          4.Narik kawigaten sing maca

          5.Nuwuhake rasa pengin tuku saka sing maca

          6.Nuwuhake rasa pengin nduweni barang sing ditawakake

          7.Bisa nggawe sing maca tuku barang sing ditawakake

          8.Nggunakake slogan utawa sesanti kang gampang ditampa lan dieling-eling

     E.Carane Nulis Teks Iklan

         1.Temtokna ancase iklan

         2.Gawe cengkorongan kang dumadi saka unsur-unsure pawarta(jeneng barang utawa jasa,sinh gawe iklan,alamat,manfaat)

         3.Ngrembakake cengkorongan dadi iklan kang wutuh,nganggo basa kang prasaja,cekak,mentes,cetha,sopan uga narik kawigaten

       F.Nyuguhake Teks Iklan

          1.Paham isine iklan,kalebu basa uga pagucape tembung kang rinakit ing teks iklan

          2.Swara sarta pangucaping tembung kudu cetha lan trep

          3.Menawa awujud pacelathon kudu njumbuhake karakter paraga kang digambarake



         

       
Tembang Macapat Pangkur

(Srawung Karo Sasama)


        Serat Wedhtama iku anggite Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA)  Mangkunegara IV. Serat Wedhatama iku ngemot wulangan kang luhur kanggo mbangun budi pakertine sapa wae sing maca.

A. Maca lan nanggapi serat wedhatama pupuh Pangkur


Pangkur 

Mingkar mingkur ing angkara

Akarana karenan mardi siwi, 

Sinawung resmining kidung, 

Sinub sinukarta,

Mrih kretarta pakartining ilmu luhung, 

Kang tumrap ing tanah Jawa, 

Agama ageming aji. 


B. Nitik guru gatra,guru lagu lan guru wilangan pupuh Pangkur

Pupuh pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait).

Guru gatra pupuh Pangkur ana 7 gatra.

Guru lagu pupuh Pangkur yaiku a, i, u, a, u, a, i.

Guru wilangan pupuh Pangkur  yaiku 8,11,8,7,12,8,8.

Supaya gampang dieling-eling bisa ditulis : 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i.


C. Mbedhah perangane serat wedhatama pupuh Pangkur

     Tembang pangkur iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra sing cacahe ana 7 gatra. Yen ora cocok karo salah  sijine saka aturan iki tegese dudu tembang Pangkur. Jlentrehe kaya ngisor iki.

Ming/kar/ming/kur/ing/ang/ka/ra/

8a

A/ka/ra/na/ka/re/nan/mar/di/si/wi/

11i

Si/nu/wung/res/mi/ning/ki/dung/

8u

Si/nu/ba/si/nu/kar/ta/

7a

Mrih/kre/tar/ta/pa/kar/ti/ning/il/mu/lu/hung/

12u

Kang/tum/rap/ing/ta/nah/Ja/wa/

8a

A/ga/ma/a/gem/ing/a/ji/

8i

D. Nulis cakepan tembang Pangkur lan tuladhane

     Nulis tembang macapat, tembang Pangkur iku kudu manut aturan kang gumathok. Aturane kudu padha karo guru gatra,guru lagu lan guru wilangane.

Tuladha

8a = Yo kanca padha berjuang

11i = Dadi siswa pinter sugih prestasi

8u = Iku siswa kang pinunjul

7a = Iku siswa kang pinunjul

12u = Sekolahe digawe jeneng kang arum

8a = Kondhang tekan manca bangsa

8i = Saiba senenge ati



Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa

Kelas X SMA/SMK/MA


CRITA RAKYAT

A. PENGERTIAN CRITA RAKYAT

          Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat kasebut kacritakake ing maneka werna kahanan, ana ing sajroning kumpulan, utawa pinangka crita pamancing impen lan sapiturute.

B. TITIKANE CRITA RAKYAT

Panyebarane kanthi lesan.
Duweni sipat tradhisional.
Sugih cakrik lan variasi.
Jenenge pangriptane ora konangan.
Wagune tiron (klise) ana ing susunan utawa cara pangungkapane.
         

C. UNSUR INTRINSIK CRITA RAKYAT

     1.Tema , yaiku ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari lakuning crita.
     2.Latar/ setting , yaiku latar belakang kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, papan panggonan kan sosial budaya.
     3.Paraga ,yaiku  paraga ing sajroning crita.
Amanat , yaiku pesen kang ana ing crita.
Sudut pandang , yaiku nyritakake tokoh, barang, kan sapanunggale.

D. WUJUDE CRITA RAKYAT MITURUT WILLIAM R.BASCOM

    1.Mitos , yaiku crita kang dianggep bener- bener kedadeyan. Kedadeyan ing alam dharatan, segara utawa langit. Tuladha : Crita Nyi Roro Kidul.
    2.Legenda , yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadeyan, biyasane crita mau ana petilasane arupo watu, gunung kali lan sapanunggale. Tuladha : Crita Baru Klinthing.
   3.Dongeng , yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladha : Kancil Nyolong Timun.
GAMELAN

          Gamelan iku mujudake piranti musik Jawa padatan kanggo pangiring tembang. Tumrape wong urip, gamelan kena kanggo niteni wewatekane manungsa. Gamelan uga bisa diarani gangsa yaiku tetabuhan musik Jawa kang ricikane akeh kanggo ngiring lagu-lagu utawa tembang-tembang Jawa kang umume diarani gendhing.

Ricikan utawa jeneng-jenenge gamelan, yaiku :
- Bonang panerus
- Bonang barung
- Kempul
- Gong
- Kenong
- Slenthem
- Gender panerus
- Gender barung

       Gamelan iku dumadi saka piranti werna-werna nanging tetep nyawiji. Sanajan cacahe akeh, nanging yen diunekake bareng bisa nuwuhake ras kang endah jalaran dilaras kanthi premati lan ditata kanthi becik. Murih endahe irama, larase gamelan dibedakake dadi 2 werna, yaiku laras slendro nyakup titilaras 1,2,3,5,6 dene laras pelog isine titilaras 1,2,3,4,5,6,7

Tembang Kinanthi

Tembang kinanthi 



A.Pengertian Tembung Kinanthi

     kinanthi iku saka Tembung kanthi oleh seselan in. Seselan in Iki tegese padha Karo ater-ater di-. Dadi,kinanthi tegese dikanthi,dituntun,digandheng,Utawa diarahake. Pupuh kinanthi yaiku perangan e serat wedhatama kang pungkasan,anggitane KGPAA Mangkunegara IV.

B. Guru Gatra,guru lagu,lan guru wilangan teks serat wedhatama Pupuh kinanthi

     Kinanthi

     Marma den taberi kulup,

     Angulah lantipinh ati,

     Rina wengi den anedya,

     Pandak-panduking Pambudi,

     Mbengkas kahardaning driya,

     Supadya dadya utama



✓ Pupuh kinanthi ing serat wedhatama ngemot tembang cacahe 19 pada (bait). Sapada tembang kinanthi kiwa Iki kawiwitan saka Tembung marma tekan Tembung Utami.



✓ Guru Gatra saben sapadane tembang kinanthi ana 6 Gatra utawa larik.



✓ Guru lagune tembang kinanthi yaiku : u,i,a,i,a,lan i.



✓ Guru wilangane tembang kinanthi iku : 8,8,8,8,8,lan 8.





Sumber: Suyitno - L. Yuyun Dian Susanti - Irawan H.G.

Getaran nyinau / basa Jawa 3 / kelas  XII SMA/SMK/MA